Pangaribawaning Sastra tumrap Basa
Basa menika gayut kaliyan budaya saha sastra. Basa menika
ingkang dados srana kangge medharaken gagasan saking panyerat. Gagasan saking
panyerat menika ingkang ndadosaken karya sastra. Jinis-jinisipun karya sastra
inggih menika geguritan, sandiwara, novel, cerkak, lansapanunggalanipun. Karya
sastra menika dipunserat kanthi jaman ingkang beda-beda, pramila jinis-jinis
utawi nama saking karya sastra karya sastra menika kathah, ing antawisipun wonten
Balai Pustaka, Pujangga Baru, Angkatan 45, lan Angkatan 66.
Saben karya sastra menika ngandharaken babagan ingkang beda
–beda ugi. Tetandhingan menika medal miturut jamanipun. Wonten karya sastra
ingkang ngandharaken perkawis sejarah ugi wonten ingkang ngandharaken politik,
katresnan, lan sanes-sanesipun. Karya sastra jaman rumiyin kaliyan jaman
samenika tamtunipun gadhah tetandhingan. Tetandhingan menika saged katingal
mawi basa ingkang dipunginakaken saha topiki ingkang dipunandharaken.
Gegeuritan ingkang dipunserat kala rumiyin, kadosta geguritan
ingkang irah-irahanipun mbeling menika gadhah tata cara panyerat ingkang boten
limrah. Tetandhingan karya sastra menika ugi dipunpangaribawani dening latar
politik, sosial, saha budaya wonten ing jamanipun panyerat piyambak. Karya
sastra wonten ing jaman samenika ugi dipunpangaribawani kaliyan budaya ingkang
asalipun saking njawi negri menika.
Budaya saha sastra menika gadhah sesambetan ingkang ageng.
Budaya mangaribawani sanget dhateng sastra, satemah sedaya perkawis ingkang
wonten ing kabudayan saged dipuntingali wonten ing karya sastra. Wonten salah
satunggal tiyang ingkang ngendika kados mekaten “sastra (basa) saha
kabudayan inggih menika sistem ingkang raket kaliyan manungsa. menawi kabudayan
inggih menika sistem ingkang ngatur gayutanipun manungsa wonten ing
masarakat, menawi basa (sastra) inggih menika sistem kangge srana supados
sesambetan menika saged mlampah kanthi sae.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar