artikel 1
Ringgit
Wacucal
Ringgit
ingih menika kesenian tradhisional kagunganipun bangsa Indonesia. Ringgit
menika mliginipun ngrembaka wonten ing tlatah Jawi. Ringgit utawi wayang menika
asalipun saking tembung Ma Hyang ingkang tegesipun pinuju dhateng roh
spiritual, Dewa, utawi Gusti Allah. Wonten ing tlatah Jawi ugi dipunsebut bilih
wayang utawi ringgit menika ateges bayangan. Dipunsebut bayangan menika amargi
pagelaran ringit menika dipunpirsani saking wingking kelir utawi papan ingkang
dipunangge nglakonaken ringgit menika.
Tokoh-
tokoh wayang menika kathah sanget. Ing antawisipun wonten tokoh para Dewa,
inggih menika wonten Bathara Wisnu , Bathara Surya, lan sapanunggalanipun.
Lajeng wonten tokoh pandawa lima inggih menika Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula,
lan Sadewa. Lajeng ugi wonten tokoh punakawan, inggih menika Petruk, Gareng,
Semar, kaliyan Bagong. Tokoh-tokoh menika ingkang sampun kondhang ugi ingkang
kathah-kathahipun dipunmangertosi masrakat. Ananging tokoh wayang ingkang
wonten boten namung menika, taksih kathah malih tokoh wayang ingkang beda-beda
wujud saha watakipun.
Ringgit
menika asring dipunangge kangge dhakwah, tontonan, ugi tuntunan. Kala rumiyin
ringgit menika dipundadosaken srana dening para wali kangge nyebar agami Islam.
Ringgit ugi dados srana kangge tontonan saha tuntunan. Pagelaran ringgit menika
saged dipundadosaken srana hiburan utawi tontonan kangge masrakat, ,liginipun
masarakat Jawi. Wonten pagelaran ringgit
menika tamtunipun gadhah utawi saged paring piwulang dhateng sinten
ingkang mirsani ringgit menika. Dhalang menika bektakaken salah satunggaling
lakon ingkang ngemot piwulang ingkang kathah saking tokoh wayang ingkang
dipunlakonaken.
Wonten
ing pagelaran ringgit menika boten namung ringgitipun ingkang saged paring piwulang
dhateng para masarakat. Ananging, piranti-piranti wonten pagelaran ringgit
menika ugi nggambaraken utawi dados simboling gesang wonten ing kadonyan
menika. Tuladhanipun blencong. Blencong inggih menika lampu utawi pepadhang
supados bayangan ringgit menika saged katingal wonten ing kelir. Blencong menika
dipunanggep minangka pepadhanging gesang, inggih menika kadosta srengenge.
Ringgit
menika perlu dipunlestantonaken mliginipun wonten ing tlatah Jawi menika.
Amargi ringgit menika paring piwulang ingkang kathah dhateng masarakat. Ugi
kathah watakipun para tokoh ingkang saged dipundadosaken tuladha kangge
manungsa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar