Senin, 10 April 2017

Pangaribawaning Sastra tumrap Basa
Basa menika gayut kaliyan budaya saha sastra. Basa menika ingkang dados srana kangge medharaken gagasan saking panyerat. Gagasan saking panyerat menika ingkang ndadosaken karya sastra. Jinis-jinisipun karya sastra inggih menika geguritan, sandiwara, novel, cerkak, lansapanunggalanipun. Karya sastra menika dipunserat kanthi jaman ingkang beda-beda, pramila jinis-jinis utawi nama saking karya sastra karya sastra menika kathah, ing antawisipun wonten Balai Pustaka, Pujangga Baru, Angkatan 45, lan  Angkatan 66.
Saben karya sastra menika ngandharaken babagan ingkang beda –beda ugi. Tetandhingan menika medal miturut jamanipun. Wonten karya sastra ingkang ngandharaken perkawis sejarah ugi wonten ingkang ngandharaken politik, katresnan, lan sanes-sanesipun. Karya sastra jaman rumiyin kaliyan jaman samenika tamtunipun gadhah tetandhingan. Tetandhingan menika saged katingal mawi basa ingkang dipunginakaken saha topiki ingkang dipunandharaken.
Gegeuritan ingkang dipunserat kala rumiyin, kadosta geguritan ingkang irah-irahanipun mbeling menika gadhah tata cara panyerat ingkang boten limrah. Tetandhingan karya sastra menika ugi dipunpangaribawani dening latar politik, sosial, saha budaya wonten ing jamanipun panyerat piyambak. Karya sastra wonten ing jaman samenika ugi dipunpangaribawani kaliyan budaya ingkang asalipun saking njawi negri menika.
Budaya saha sastra menika gadhah sesambetan ingkang ageng. Budaya mangaribawani sanget dhateng sastra, satemah sedaya perkawis ingkang wonten ing kabudayan saged dipuntingali wonten ing karya sastra. Wonten salah satunggal tiyang ingkang  ngendika kados mekaten “sastra (basa) saha kabudayan inggih menika sistem ingkang raket kaliyan manungsa. menawi kabudayan inggih menika sistem ingkang ngatur gayutanipun  manungsa wonten ing masarakat, menawi basa (sastra) inggih menika sistem kangge srana supados sesambetan  menika saged mlampah kanthi sae.”

Senin, 03 April 2017

ARTIKEL 1

artikel 1


Ringgit Wacucal
Ringgit ingih menika kesenian tradhisional kagunganipun bangsa Indonesia. Ringgit menika mliginipun ngrembaka wonten ing tlatah Jawi. Ringgit utawi wayang menika asalipun saking tembung Ma Hyang ingkang tegesipun pinuju dhateng roh spiritual, Dewa, utawi Gusti Allah. Wonten ing tlatah Jawi ugi dipunsebut bilih wayang utawi ringgit menika ateges bayangan. Dipunsebut bayangan menika amargi pagelaran ringit menika dipunpirsani saking wingking kelir utawi papan ingkang dipunangge nglakonaken ringgit menika.
Tokoh- tokoh wayang menika kathah sanget. Ing antawisipun wonten tokoh para Dewa, inggih menika wonten Bathara Wisnu , Bathara Surya, lan sapanunggalanipun. Lajeng wonten tokoh pandawa lima inggih menika Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Lajeng ugi wonten tokoh punakawan, inggih menika Petruk, Gareng, Semar, kaliyan Bagong. Tokoh-tokoh menika ingkang sampun kondhang ugi ingkang kathah-kathahipun dipunmangertosi masrakat. Ananging tokoh wayang ingkang wonten boten namung menika, taksih kathah malih tokoh wayang ingkang beda-beda wujud saha watakipun.
Ringgit menika asring dipunangge kangge dhakwah, tontonan, ugi tuntunan. Kala rumiyin ringgit menika dipundadosaken srana dening para wali kangge nyebar agami Islam. Ringgit ugi dados srana kangge tontonan saha tuntunan. Pagelaran ringgit menika saged dipundadosaken srana hiburan utawi tontonan kangge masrakat, ,liginipun masarakat Jawi. Wonten pagelaran ringgit  menika tamtunipun gadhah utawi saged paring piwulang dhateng sinten ingkang mirsani ringgit menika. Dhalang menika bektakaken salah satunggaling lakon ingkang ngemot piwulang ingkang kathah saking tokoh wayang ingkang dipunlakonaken.
Wonten ing pagelaran ringgit menika boten namung ringgitipun ingkang saged paring piwulang dhateng para masarakat. Ananging, piranti-piranti wonten pagelaran ringgit menika ugi nggambaraken utawi dados simboling gesang wonten ing kadonyan menika. Tuladhanipun blencong. Blencong inggih menika lampu utawi pepadhang supados bayangan ringgit menika saged katingal wonten ing kelir. Blencong menika dipunanggep minangka pepadhanging gesang, inggih menika kadosta srengenge.
Ringgit menika perlu dipunlestantonaken mliginipun wonten ing tlatah Jawi menika. Amargi ringgit menika paring piwulang ingkang kathah dhateng masarakat. Ugi kathah watakipun para tokoh ingkang saged dipundadosaken tuladha kangge manungsa.