DWI AYU SEPTIANA JAYA
Dwi Ayu Septiana Jaya
mijil wonten ing Mojokerto tanggal 8 September 1996. Putri saking Bapak Sukra
(Almarhum) kaliyan Ibu Sari. Dwi Ayu septiana Jaya biasanipun dipuntimbali Dwi
Ayu. Piyambakipun gadhah sedherek 2 inggih punika mbak saha adhik, ingkang namanipun
mbak Uswatun Khasanah saha dhik Aditya Tri. Dwi Ayu samenika mapan wonten ing
Karangmalang Blok B 18 D. Mapan ing Jogja amargi piyambakipun nembe ngangsu
kawruh wonten ing UNY. Dwi Ayu samenika semester 3 Jurusan Pendidikan Bahasa
Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa Dan Seni.
Menika riwayat
pendhidikanipun Dwi Ayu :
- SD Negeri Beloh 3 Kecamatan Trowulan
- SMP Negeri 2 Trowulan Kecamatan
Trowulan
- MAN Mojokerto Kecamatan Sooko
Dwi Ayu sampun
nggadhahi bakat nembang wiwit saking
kelas 3 SD. Piyambakipun nate ndherek lomba MTQ tingkat Kecamatan
&Kabupaten, saha nate dados pengisi
vokal terbaik wonten ing adicara “Parade Teater Pelajar se-Jawa Bali”. Anggenipun
Dwi Ayu menggeluti bakat piyambakipun gadhah raos remen
sanget amargi saged nglatih mentalipun, nglatih komitmenipun, sarana hiburan
kagem piyambakipun saha tiyang sanes, ngraos saged nyaluraken bakat saking
Gusti Kang Maha Kuwaos, Angenipun Dwi Ayu menggeluti
bakat piyambakipun ngraos susah amargi pikantuk guneman ingkang biten
ngremenaken manah saking tangga-teparo, nalika pikantuk genre lagu enggal ingkang dereng dipun pelajari saderengipun, ,
nalika boten wonten transportasi.
Miturut Dwi Ayu, Nembang menika
kegiyatan ingkang damel remening manah, tanpa dukungan saking tiyang sepuh
bakat namung dados kegadhahan. Piyambakipun konjuk syukur amargi nggadhahi tiyang sepuh
ingkang ndukung menapa kemawon kegiyatan putrinipun. Amargi Ibu rumiyin
inggih penyanyi dados ibunipun gadhah pangajab menawi putrinipun saged kados
Ibunipun.
Piyambakipun gadhah
pangajab : Nyuwun dhateng Gusti supados sedayanipun langkung sae saha laris
wonten pundi kewawon, langkung mundhak prestasi saking vocal. Lan mujudaken
pangajenganipun Ibu kangge dados Penyanyi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar