- Nyerat Ekspresif
Geguritan:
KARTINI
Kartini …
Sapa kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda
Kartini …
Sanajan tinitah dadi priyayi
Duweni trah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
Mbela rakyat jelata
Kartini …
Wulan April iki dadi seksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia
Habis Gelap Terbitlah Terang
Dadi bukti masa perjuwangan
Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita
Kartini …
Amarga jasamu
Wanita eropa lan wanita pribumi
Dadi duweni hak kang padha
Duweni hak pikantuk pendidikan
Geguritan menika nedahaken bilih Ibu Kartini menika pahlawan ingkang mbela kaum wanita, tiyang ingkang berjuwang kangge nentang paugeran Walanda. senadyan piyambakipun dados ptiyayi ananging piyambakipun tetep mbela emansipasi wanita saha mbela kaum jelata. amargi jasanipun Ibu Kartini wanita Eropa kaliya Wanita Pribumi nggadhahi hak ingkang sami inggih menika piantuk pendhidhikan.
http://rejekinomplok.net/geguritan-bahasa-jawa/
- Nyerat Informatif
Woro-Woro
WORO – WORO
Katujukake marang sedoyo konco ing Sekolah SMPN 2 TAMAN , Kecamatan Taman . Gegayutan kalian Pengetan Dinten Kamerdikan lan Ambal Warsa RI ingkang kapeng 67 tahun.
OSIS SMPN 2 TAMAN Badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken maneka warna kagiatan inggih menika:
1. Lomba kebersihan Kelas .
2. Lomba nggambar
3. Lomba futsal antar kelas.
4. Lomba Qiro’ah
5. Lomba maca lan nulis geguritan
Lomba badhe katindakaken :
Dinten , tanggal : Selasa-rabu, 18-19 Agustus 2012
Wanci : 08.00 – pungkasane
Mapan : Lapangan Sekolah SMPN 2 TAMAN
Mekaten menggah Wara – wara saking OSIS SMPN 2 TAMAN Lomba Kamerdikan . Mugi – mugi kawigatosan dumateng sedaya para murid SMPN 2 TAMAN . matur nuwun.
Woro-woro kasebat nyaosi pirsa dhumateng sedaya murid ing SMPN 2 TAMAN, Kecamatan Taman bilih OSIS SMPN 2 TAMAN badhe ngawontenaken mawarni warni kegiatan kangge Mengeti Dinten Kamardikan Ambal Warsa RI ingkang kaping 67. lomba badhe dipuntindakaken dinten Selasa-Rebu, tanggal 18-19 Agustus 2012, wanci jam 08.00-pungkasan. Lomba ingkang dipuntindakaken inggih menika Lomba Karesikan Kelas, Lomba nggambar, Lomba Qiro'ah, saha Lomba Maos lan Nyerat Geguritan.
http://www.infotugas.net/2015/09/contoh-woro-woro-dalam-bahasa-jawa.html
- Nyerat Estetik
A. Tembang Macapat
Tembang Maskumambang
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungana (6a)
Awakku kecemplung warih (8i)
Gulagepan wus meh pejah (8o)
Isi saking tembang wonting ngandhap inggih menika tiyang ingkang temenanan betahaken pitulungan amargi keli kegawa banyu wonten lepen lan sampun meh seda.
Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah
Isi saking tembang wonten nginggil inggih menika weweling tiyang sepuh marang putra putrinipun supados ngormati tiyang sepuhipun. sampun ngantos putra putrinipun boten ngajeni dhateng tiyang sepuhipun amargi menawi ngantos boten ngajeni marang tiyang sepuhipun saged kuwalat.
http://rejekinomplok.net/tembang-macapat/
B. Cerkak
http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/08/cerita-cekak-katresnan-bahasa-jawa.html
http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/12/cerkak-bahasa-perjuangan-seorang-guru.html
http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/12/cerkak-bahasa-jawa-cita-citaku-seluas-samudra.html
- Nyerat Argumentatif
http://www.katapengertian.com/2016/02/5-contoh-artikel-bahasa-jawa-singkat.html
- Nyerat Persuasif
http://www.artikel-pendidikan.com/2016/06/contoh-iklan-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar