Rabu, 21 Desember 2016

PROFIL

DWI AYU SEPTIANA JAYA

Dwi Ayu Septiana Jaya mijil wonten ing Mojokerto tanggal 8 September 1996. Putri saking Bapak Sukra (Almarhum) kaliyan Ibu Sari. Dwi Ayu septiana Jaya biasanipun dipuntimbali Dwi Ayu. Piyambakipun gadhah sedherek 2 inggih punika mbak saha adhik, ingkang namanipun mbak Uswatun Khasanah saha dhik Aditya Tri. Dwi Ayu samenika mapan wonten ing Karangmalang Blok B 18 D. Mapan ing Jogja amargi piyambakipun nembe ngangsu kawruh wonten ing UNY. Dwi Ayu samenika semester 3 Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa Dan Seni.
Menika riwayat pendhidikanipun Dwi Ayu :
- SD Negeri Beloh 3 Kecamatan Trowulan
- SMP Negeri 2 Trowulan Kecamatan Trowulan
- MAN Mojokerto Kecamatan Sooko
Dwi Ayu sampun nggadhahi bakat nembang wiwit saking kelas 3 SD. Piyambakipun nate ndherek lomba MTQ tingkat Kecamatan &Kabupaten, saha nate dados pengisi vokal terbaik wonten ing adicara “Parade Teater Pelajar se-Jawa Bali”. Anggenipun Dwi Ayu menggeluti bakat piyambakipun gadhah raos remen sanget amargi saged nglatih mentalipun, nglatih komitmenipun, sarana hiburan kagem piyambakipun saha tiyang sanes, ngraos saged nyaluraken bakat saking Gusti Kang Maha Kuwaos, Angenipun Dwi Ayu menggeluti bakat piyambakipun ngraos susah amargi pikantuk guneman ingkang biten ngremenaken manah saking tangga-teparo, nalika pikantuk genre lagu enggal ingkang dereng dipun pelajari saderengipun, , nalika boten wonten transportasi.
Miturut Dwi Ayu, Nembang menika kegiyatan ingkang damel remening manah, tanpa dukungan saking tiyang sepuh bakat namung dados kegadhahan. Piyambakipun konjuk syukur amargi nggadhahi tiyang sepuh ingkang ndukung menapa kemawon kegiyatan putrinipun. Amargi Ibu rumiyin inggih penyanyi dados ibunipun gadhah pangajab menawi putrinipun saged kados Ibunipun.
Piyambakipun gadhah pangajab : Nyuwun dhateng Gusti supados sedayanipun langkung sae saha laris wonten pundi kewawon, langkung mundhak prestasi saking vocal. Lan mujudaken pangajenganipun Ibu kangge dados Penyanyi.

Rabu, 07 Desember 2016

CERKAK

Anugrahing Gusti

   Arjuna yaiku juragan beras ing Desa Makmur Jaya. Didelok saka jenenge cetho nek Arjuna kui bagus pasuryane dadi wajar nek akeh wadonan sik kesengsem marang pasuryane. Arjuna kui wonge apikan, ora sombong meski wonge juragan beras sik sukses. Kabeh wong ning desane seneng karo sifate Arjuna. Arjuna kui isih enom nanging wonge uwis due garwa. Jenenge garwane yaiku Ayunungsih, biasane diceluk Ayu. Ayu kui cen ayu pasuryane nanging ora karo watakke. Watakke beda banget karo Arjuna. Ayu kui sombong lan senengane gawe gosip amerga sifate dewekke ra disenengi karo tangga- tanggane. Tanggane Arjuna wae gmun kok Arjuna iso seneng karo wong kaya Ayu sik sifate beda banget karo Arjuna.
   Ing sawijing dina ana wong seko mesjid arep njaluki dana nggo perbaikan mesjid. Wonge cacahe loro. Pas ketok omahe arjuna salah siji wong seko masjid mau langsung ndodog lawang. Ayu sik ning jero kamar krungu langsung metu arep mbukak lawang soale Arjuna lagi adus. Pas Ayu mbukak lawang dewekke langsung wong kui mau mlebu omah. Ning kono wong loro kui mau langsung njelaske maksud dewekke mara yaiku njaluk dana sumbangan kanggo mbenerake masjid. Ayu ra seneng dewekke langsung nesu- nesu ra jelas. Ayu wes rampung le nesu- nesu langsung akon wong loro mau lungo seko ngomahe.
   Arjuna sik krungu wong ribut- ribut ning ruang tamu langsung marani, dewekke saiki we rampung adus. Arjuna kaget weruh wong loro seko masjid lan kaget weruh Ayu sik nesu- nesu. Gandheng ono Arjuna wong loro kui mau langsung njelaske maksude le mara ning ngomahe, Arjuna soyo kaget. Wong loro kui mau muk njaluk dana sumbangan nggo mbenerake masjid tur udu ngenehi duit Ayu mah nesu- nesu. Bar ngrungokke penjelasane kabeh Arjuna langsung ngenehi duit lan wong lro mau langsung lungo. Pas wong loro kui mau wes lungo Arjuna langsung nakoni Ayu.
“ Koe ki kena apa wong njaluk dana mah dinesoni?” Arjuna
“Alah paling njaluk dana, sik jarene nggo mbenerake masjid paling malah di pangan dewe karo wong loro mau.” Ayu
“ Hush omong opo koe, koe ra oleh suudzon. Ra mungkin wong loro kui mau bakal koyo sik tok omongke, aku wes kenal wong loro kui ket suwe. Wonge ndemenakakelan iso dipercaya.” Arjuna
“ Alah paling nek ning mburi yo podo wae elekke.” Ayu
“ Wes rasah omong ngono, opo to angele ngenehi duit nggo mbenerake masjid, rak yo awakdewe ra rugi?” Arjuna
“ Eh uwes memeng ribut terus barang repenting.” Ayu
   Ayu wes kesel dewekke langsung mlebu kamar mbanting lawang. Arjuna sik ning njaba mau muk geleng- geleng ngetke kelakuane garwane samba niliki kapan Ayu iso ngubah sifate sik ngono kui.
   Dino esukke ayu lagi mlaku- mlaku arep ning warung arep blanja janganan ning warung e Bu Sisi. Eh pas ning dalan ayu weruh ning ngomahe bu Sri ono motor anyar. ‘Gosip anyar’ batine Ayu. Akhire Ayu ketok warung eh ning warung jebul wis akeh ibu- ibu liyane. Ayu langsung milih janganan karo nggosip kadadean sik Ayu weruh pas ning dalan arep ning warung e bu Sisi.
   Ayu langsung ngomongke sik masalah motore bu Sri sik anyar ibu- ibu sik ning warung langsung kaget. Paahal bu Sri kui wonge pas- pasan, anake muk dho ngrantau eh saiki iso tuku motor Anyar. Ayu sik ning kono langsung nggawe gosip yen bu Sri ki nganggo pasugihan amerga kui bu Sri iso tuku motor anyar.
   Bu Sri sik krungu gosip kui langsung marani warunge bu Sisi, Ibu- ibu sik ning warunge bu Sisi kaget amerga uwong sik lagi diomongke saiki ngadeg ning ngarepe. Ayu wae langsung kaget. Ningkono bu Sri njelake sebabe dewekke iso tuku motor anyar. Dewekke njelaske yen motor anyar kui sik nukokke anakke sik dho ngrantau seko ndesone. Ibu- ibu sik ningkono mau langsung njaluk ngapura tur ora karo Ayu dewekke langsung lungo seko warunge bu Sisi. Ibu- ibu sik ning warunge bu Sisi muk iso geleng- geleng weruh kelakuane Ayu.
   Bar kadadean kui pirang- pirang dino Ayu lara parah dewekke lemes ra iso ngapa- ngapa. Arjuna sik ndelok Ayu lara langsung nggawa Ayu ning Rumah Sakit cerak desane. Jebul bar di priksa Ayu kui lara ne muk biasa ora parah. Nanging Arjuna ki bing, jare ora lara parah tur kok Ayu kaya ngene. Arjuna wes njajal nggolek obat ning ngendi- ngendi nanging ayu yo tetep ra mari. Tanggane ra ono sik niliki soale wes memeng karo sifate ayu sik jaman byen senengane ngelek- elekke wong liya. Naning beda karo bu Sri, bu Sri sik ra tau ketethuk Ayu langsung mara ninibg omahke Ayu. Ayu mbukak lawang kaget weruh bu Sri nggawa buah akeh. Ayu terharu padahal ayu wes gawe gosip ra jelas tentang bu Sri eh saiki pas ayu lara tanggane ra ono sik nilikki muk bu Sri thok. Ayu nig kono langsung njaluk ngapura karo Sri rn Ayu due salah. Bar kadadean kui AYu wes ra kaya biyen saiki dewekke wes dadi wong ndemenakake. Arjuna saiki wes lega akhire garwane dadi wong sik luwih becik.