Katresnan
Riani wijaya kui
jenenge, dheweke sekolah neng SMA Unggulan Yogyakarta. Bocahe ayu, pinter,
sregep, sumeh lan due akeh konco. Riani kui yo anake wong sugih, bapakne duwe perusahaan
sik paling gedhe se-Jawa. Tur Riani ora tau ngetokke nek dheweke sugih, dheweke
kaya wong biasa. Riani kui anak sing mandiri dhewekke gemang ngrepoti bapak lan
ibune. Riani saiki kelas 12 utawa kelas
3 SMA. Dilit engkas dhewekke bakal lulus. Dinggo ngadepi Ujian Nasional dhewekke
soyo sregep sinau lan melu bimbingan, dhewekke sregep sinau amerga dhewekke kepengin
mlebu ning Universitas sing disenengi.
Dino dino uwes diliwati
Riani kanggo sinau, saiki Riani bakal ngadepi Ujian Nasional. Riani deg-degan.
Sedurung ujian dhewekke mesti donga supaya diwenehi kelancaran nggarap soal. Riani
yo ora lali njaluk restu marang wongtuane
sedurung mangkat sekolah. Akhire Ujian Nasional uwes rampung Riani gari nunggu hasil. Sinambi nunggu hasil dhewekke
golek informasi Universitas sik ono ning Yogya supaya Riani reti kira-kira
bakal sekolah neng ngendi.
Wes sewulan Riani nunggu
pengumuman, akhire saiki dhewekke bakal reti. Ealah jebul usahane dhewekke ora
sia-sia dhewekke etuk biji paling duwur sak sekolahan, Riani seneng banget. Wes
rampung diwisuda Riani langsung golek Universitas. Akhire Riani ketompo ning
salah siji Universitas sik terkenal ning Yogjakarta. Riani ketompo ning
Fakultas Kedokteran. Riani seneng banget.
Sadurunge dadi mahasiswa
dhewekke kudu melu ospek sing diselenggarake karo mahasiswa senior. Riani dikon
nggawa peralatan- peralatan sing uwes di temtoake, yen dhewekke lali nggawa dhewekke
bakal keno hukuman. Dino kepisan Riani melu ospek kanthi ayem tentrem amerga
dewekke nggawa peralatane kabeh ora ono sik lali. Tur dino kepindo Riani tangi
kawanen dewekke kesusu le mangkat ospek. Riani ora sarapan. Dhewekke lali ora
ngecek peralatane, ealah jebul tenanan dewekke lali ora nggowo buku sik wis
dikon nggawa karo mahasiswa senior. Riani bingung mlaku mrono- mrene, dewekke
pingin nelpon uwong sik ning ngomah jebul hapene yo lali ora digawa.
“ Duhalah gusti kok yo aku lali nggawa buku to,
gek kepiye iki, engko aku keno hukuman seko mahasiswa senior”(sinambi mlaku
mrono-mrene).
Reti- reti ono uwong
seko mburi sik nabok Riani. Riani kaget, nganti dhewekke arep tiba kepleset.
“Hayo (brukk)” Abimayu
ngageti Riani.
“Astagfirullah kaget
aku jebul kowe to, koe ki rak konco sak sekelas ku ospek to?” pitakon Riani
marang Abimayu.
“ hooh bener, kowe
ngapa kok isih mondar- mandir ning kene dilit engkas ospek lho?” jawabe Abimayu
“jenengmu ki sapa
to?lali aku (sambi ngguyu), ngene lho aku ki mau tangi kawanen terus aku lali
ora nggawa buku sik dikon nggawa wingi. Aku bingung kudu kepiye, aku wedi
dihukum” panjelasane Riani marang Abimayu.
“ yo uwes rasah sedih
ngono, tak jilihi bukuku wae” Abimayu
“lha terus koe? pitakon
Riani
“ Aku dihukum ra popo
ora tega aku ndelok koe bigung koyo ngene.” jawab Abimayu
“Yowes nuwun banget yo,
ngapurane yen aku dadi ngrepoti kowe.” Riana
Ealah jebul tenan buku mau ditakokke karo mahasiswa senior,
akhire Abimayu kena hukuman. Abimayu diseneni karo mahasiswa senior lan dhewekke
kudu nuruti opo kepinginane mahasiswa senior. Ndelok keadaane Abimayu, Riani
ora tega dhewekke ngrasa salah. Amerga gara- gara abimayu nulungi dhewekke,
Abimayu kudu keno hukuman. Rampung ospek Riani nyegat Abimayu. Dhewekke njaluk
ngapura.
“ Abimayu Abimayu”
Riani
“ Ono opo Riani?”
“ Aku njaluk ngapura yo
amerga aku, koe dadi keno hukuman seko mahasiswa senior, padahal kudune sik
kena hukuman mau ki aku” Riani
“ Ealah ora popo Riani,
aku ra bakal tega nek koe dihukum makane aku njilihke bukuku” Abimayu
“ walah matur nuwun
tenan yo” Riani
Sawise kadadean kui Riani soyo cerak karo Abimayu. Jebul Abimayu
kui iso mlebu ning Kedokteran amerga dhewekke berprestasi. Abimayu yo udu anake
wong sugih kaya Riani. Dhewekke seko keluarga sing biasa utawa lumayan
kecukupan. Riani kagum karo Abimayu. Sue- sue Riani duwe rasa tresna marang
Abimayu. Jebul Abimayu yo podo. Akhire Abimayu omong karo Riani yen dhewekke
duwe rasa tresna. Akhire bocah loro kui mau pacaran. Cah oro kui mau pacaran
disambi kuliah.
***
Semester
telu Abimayu dijak moro neng ngomahe Riani. Abimayu Seneng campur wedi. Seneng
yen iso kenal karo wongtuane Riani lan wedi yen wongtuane Riani ora seneng karo
dhewekke. Mulih kuliah Riani langsung nemoni Abimayu lan ngejak Abimayu moro neng
ngomahe. Abimayu deg- degan banget.
“
Abimayu kowe kenapa e kok koyo deg –degan koyo ngono” Riani
“ Aku
wedi yen wong tuo mu ora setuju koe karo aku” Abimayu
“ Alah rasah koyo
ngono, wong tua ku bakal setuju karo koe, uwes- uwes rasah deg-degan koyo
ngono”Riani
Ketok ngomahe Riani, Abimayu ketemu karo wongtuane Riani. Koyo
wong tua umume yen anakke nggawa konco mesti wongtuane bakal takon-takon, dadi
wongtuane Riani nakoni Abimayu. Krungu- krungu cerita seko Abimayu yen dhewekke
udu anakke wong sugih wongtuane Riani sik mau sumeh dadi koyo ra setuju.
“ Dadi koe udu anakke
wong sugih to?”
“ Inggih pak”
“ Terus yen kowe ngepek
anakku, anakku arep tok lawuhi opo? Luweh becik kowe saiki ngadoh karo anakku
yen sesuk kowe uwes sugih bali o ndene.”
Atine Abimayu lara tenan krungu omongane bapakne Riani. Bar
bapakne Riani omong ngonokui Abimayu langsung njaluk pamit.
Dino- dino pas kuiah Abimayu wis ora tau nyeraki Riani. Riani
nyerakki Abimayu wae, Abimayu langsung lungo, wegah omong-omongan. Mesti
Abimayu isih ora nyangka yen bapakne Riani omong ngono kui. Nanging suwe-suwe Abimayu
mikir ora becik yen dhewekke ngadoh seka Riani. Dhewekke isih tresna karo Riani.
Wektu ning kantin Abimayu marani Riani sing lagi dhewe.
“Riani” Abimayu
“ Ono opo?”
“ Kowe mesti nesu karo
aku amerga aku ngadoh saka kowe” Abimayu
“ Setitik, Aku muk
bingung ngapa kok kowe dadi kaya ngene”
Terus Abimayu cerita pas dhewekke moro ning ngomahe Riani. Riani
kaget mosok bapakne koyo ngono. Riani njaluk ngapuro karo Abimayu.
“ Dadi ngene lho Riani
aku ngadoh aku pingin fokus karo kuliahku, Aku pingin mbuktekke yen aku iso
dadi wong sugih, Aku isih tresno karo kowe Riani tulung ngerteni aku”
Krungu ngono kui Riani njajal ben iso ngerteni Abimayu. Riani
reti nek Abimayu nglakokke kui kabeh dinggo dhewekke.
“ Oke Abimayu tapi kowe
ora entuk ngalekke aku, Aku yo tresna karo sampeyan”
***
Tahun lan tahun uwes diliwati, Abimayu karo Riani uwis diwisuda.
Cah loro kui langsung golek kerja. Sawise wisuda Riani wes ora tau kontak
kontakan karo Abimayu.
Reti- reti Abimayu teko ning ngomahe Riani, Riani sik ning
ngarep omah kaged. Abimayu teko nganggo mobil lan sandhangane wes ora koyo
biyen. Abimayu langsung ketemu karo Bapakne Riani. Bapakne Riani kaget biyen
bocah sik tak unekke saiki wes sugih. Akhire bapakne Riani setuju yen Riani
karo Abimayu.
***TAMAT ***