Rabu, 21 Desember 2016

PROFIL

DWI AYU SEPTIANA JAYA

Dwi Ayu Septiana Jaya mijil wonten ing Mojokerto tanggal 8 September 1996. Putri saking Bapak Sukra (Almarhum) kaliyan Ibu Sari. Dwi Ayu septiana Jaya biasanipun dipuntimbali Dwi Ayu. Piyambakipun gadhah sedherek 2 inggih punika mbak saha adhik, ingkang namanipun mbak Uswatun Khasanah saha dhik Aditya Tri. Dwi Ayu samenika mapan wonten ing Karangmalang Blok B 18 D. Mapan ing Jogja amargi piyambakipun nembe ngangsu kawruh wonten ing UNY. Dwi Ayu samenika semester 3 Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa Dan Seni.
Menika riwayat pendhidikanipun Dwi Ayu :
- SD Negeri Beloh 3 Kecamatan Trowulan
- SMP Negeri 2 Trowulan Kecamatan Trowulan
- MAN Mojokerto Kecamatan Sooko
Dwi Ayu sampun nggadhahi bakat nembang wiwit saking kelas 3 SD. Piyambakipun nate ndherek lomba MTQ tingkat Kecamatan &Kabupaten, saha nate dados pengisi vokal terbaik wonten ing adicara “Parade Teater Pelajar se-Jawa Bali”. Anggenipun Dwi Ayu menggeluti bakat piyambakipun gadhah raos remen sanget amargi saged nglatih mentalipun, nglatih komitmenipun, sarana hiburan kagem piyambakipun saha tiyang sanes, ngraos saged nyaluraken bakat saking Gusti Kang Maha Kuwaos, Angenipun Dwi Ayu menggeluti bakat piyambakipun ngraos susah amargi pikantuk guneman ingkang biten ngremenaken manah saking tangga-teparo, nalika pikantuk genre lagu enggal ingkang dereng dipun pelajari saderengipun, , nalika boten wonten transportasi.
Miturut Dwi Ayu, Nembang menika kegiyatan ingkang damel remening manah, tanpa dukungan saking tiyang sepuh bakat namung dados kegadhahan. Piyambakipun konjuk syukur amargi nggadhahi tiyang sepuh ingkang ndukung menapa kemawon kegiyatan putrinipun. Amargi Ibu rumiyin inggih penyanyi dados ibunipun gadhah pangajab menawi putrinipun saged kados Ibunipun.
Piyambakipun gadhah pangajab : Nyuwun dhateng Gusti supados sedayanipun langkung sae saha laris wonten pundi kewawon, langkung mundhak prestasi saking vocal. Lan mujudaken pangajenganipun Ibu kangge dados Penyanyi.

Rabu, 07 Desember 2016

CERKAK

Anugrahing Gusti

   Arjuna yaiku juragan beras ing Desa Makmur Jaya. Didelok saka jenenge cetho nek Arjuna kui bagus pasuryane dadi wajar nek akeh wadonan sik kesengsem marang pasuryane. Arjuna kui wonge apikan, ora sombong meski wonge juragan beras sik sukses. Kabeh wong ning desane seneng karo sifate Arjuna. Arjuna kui isih enom nanging wonge uwis due garwa. Jenenge garwane yaiku Ayunungsih, biasane diceluk Ayu. Ayu kui cen ayu pasuryane nanging ora karo watakke. Watakke beda banget karo Arjuna. Ayu kui sombong lan senengane gawe gosip amerga sifate dewekke ra disenengi karo tangga- tanggane. Tanggane Arjuna wae gmun kok Arjuna iso seneng karo wong kaya Ayu sik sifate beda banget karo Arjuna.
   Ing sawijing dina ana wong seko mesjid arep njaluki dana nggo perbaikan mesjid. Wonge cacahe loro. Pas ketok omahe arjuna salah siji wong seko masjid mau langsung ndodog lawang. Ayu sik ning jero kamar krungu langsung metu arep mbukak lawang soale Arjuna lagi adus. Pas Ayu mbukak lawang dewekke langsung wong kui mau mlebu omah. Ning kono wong loro kui mau langsung njelaske maksud dewekke mara yaiku njaluk dana sumbangan kanggo mbenerake masjid. Ayu ra seneng dewekke langsung nesu- nesu ra jelas. Ayu wes rampung le nesu- nesu langsung akon wong loro mau lungo seko ngomahe.
   Arjuna sik krungu wong ribut- ribut ning ruang tamu langsung marani, dewekke saiki we rampung adus. Arjuna kaget weruh wong loro seko masjid lan kaget weruh Ayu sik nesu- nesu. Gandheng ono Arjuna wong loro kui mau langsung njelaske maksude le mara ning ngomahe, Arjuna soyo kaget. Wong loro kui mau muk njaluk dana sumbangan nggo mbenerake masjid tur udu ngenehi duit Ayu mah nesu- nesu. Bar ngrungokke penjelasane kabeh Arjuna langsung ngenehi duit lan wong lro mau langsung lungo. Pas wong loro kui mau wes lungo Arjuna langsung nakoni Ayu.
“ Koe ki kena apa wong njaluk dana mah dinesoni?” Arjuna
“Alah paling njaluk dana, sik jarene nggo mbenerake masjid paling malah di pangan dewe karo wong loro mau.” Ayu
“ Hush omong opo koe, koe ra oleh suudzon. Ra mungkin wong loro kui mau bakal koyo sik tok omongke, aku wes kenal wong loro kui ket suwe. Wonge ndemenakakelan iso dipercaya.” Arjuna
“ Alah paling nek ning mburi yo podo wae elekke.” Ayu
“ Wes rasah omong ngono, opo to angele ngenehi duit nggo mbenerake masjid, rak yo awakdewe ra rugi?” Arjuna
“ Eh uwes memeng ribut terus barang repenting.” Ayu
   Ayu wes kesel dewekke langsung mlebu kamar mbanting lawang. Arjuna sik ning njaba mau muk geleng- geleng ngetke kelakuane garwane samba niliki kapan Ayu iso ngubah sifate sik ngono kui.
   Dino esukke ayu lagi mlaku- mlaku arep ning warung arep blanja janganan ning warung e Bu Sisi. Eh pas ning dalan ayu weruh ning ngomahe bu Sri ono motor anyar. ‘Gosip anyar’ batine Ayu. Akhire Ayu ketok warung eh ning warung jebul wis akeh ibu- ibu liyane. Ayu langsung milih janganan karo nggosip kadadean sik Ayu weruh pas ning dalan arep ning warung e bu Sisi.
   Ayu langsung ngomongke sik masalah motore bu Sri sik anyar ibu- ibu sik ning warung langsung kaget. Paahal bu Sri kui wonge pas- pasan, anake muk dho ngrantau eh saiki iso tuku motor Anyar. Ayu sik ning kono langsung nggawe gosip yen bu Sri ki nganggo pasugihan amerga kui bu Sri iso tuku motor anyar.
   Bu Sri sik krungu gosip kui langsung marani warunge bu Sisi, Ibu- ibu sik ning warunge bu Sisi kaget amerga uwong sik lagi diomongke saiki ngadeg ning ngarepe. Ayu wae langsung kaget. Ningkono bu Sri njelake sebabe dewekke iso tuku motor anyar. Dewekke njelaske yen motor anyar kui sik nukokke anakke sik dho ngrantau seko ndesone. Ibu- ibu sik ningkono mau langsung njaluk ngapura tur ora karo Ayu dewekke langsung lungo seko warunge bu Sisi. Ibu- ibu sik ning warunge bu Sisi muk iso geleng- geleng weruh kelakuane Ayu.
   Bar kadadean kui pirang- pirang dino Ayu lara parah dewekke lemes ra iso ngapa- ngapa. Arjuna sik ndelok Ayu lara langsung nggawa Ayu ning Rumah Sakit cerak desane. Jebul bar di priksa Ayu kui lara ne muk biasa ora parah. Nanging Arjuna ki bing, jare ora lara parah tur kok Ayu kaya ngene. Arjuna wes njajal nggolek obat ning ngendi- ngendi nanging ayu yo tetep ra mari. Tanggane ra ono sik niliki soale wes memeng karo sifate ayu sik jaman byen senengane ngelek- elekke wong liya. Naning beda karo bu Sri, bu Sri sik ra tau ketethuk Ayu langsung mara ninibg omahke Ayu. Ayu mbukak lawang kaget weruh bu Sri nggawa buah akeh. Ayu terharu padahal ayu wes gawe gosip ra jelas tentang bu Sri eh saiki pas ayu lara tanggane ra ono sik nilikki muk bu Sri thok. Ayu nig kono langsung njaluk ngapura karo Sri rn Ayu due salah. Bar kadadean kui AYu wes ra kaya biyen saiki dewekke wes dadi wong ndemenakake. Arjuna saiki wes lega akhire garwane dadi wong sik luwih becik.

Rabu, 23 November 2016

CERKAK


Amerga Lomba


Abimayu Putra jenenge, bocah lanang sik bagus dewe sak SMA Cinta Bangsa Yogyakarta. Sopo to sik ra kenal karo Abimayu, anakke wong sugih dhewe sak Jawa. Menyang sekolah wae diterke nganggo mobil Lamborgini. Abimayu kuwi atlet lari dhewekke mesti melu olimpiade olahraga lari lan mesti juara. Wis atlet, sugih, bagus Abimayu kui bocah sik pinter dhewekke ning kelas mesti juara siji. Bocah wadon endi sik ora seneng karo cah lanang sik ngono kui.
September 2016 Abimayu kepilih melu olimpiade lari Nasional ning Jawa Barat. Krungu kabar ngono kui Abimayu langsung menyang ning jawa Barat.  Ketok jawa Barat dhewekke langsung ning hotel atlet. Ning hotel dhewekke ketemu karo konco- konco atlet saka daerah-daerah liya. Bukane kenalan karo kanca- kancane dhewekke malah langsung turu.
Ono salah siji kancane neng hotel jenenge Juna, atlet saka Jawa Tengah. Juna ora kalah bagus karo Abimayu, Juna yo pinter. Juna kuwi wonge apikan, sopan, lan ora sombong. Telung dina neng hotel atlet Juna uwes duwe akeh kanca. Juna disenengi kanca-kancane amerga dhewekke srawung,  ora sombong lan sopan, ora kaya Abimayu sik sombong lan ora gelem srawung. Suwe-suwe Abimayu ora seneng karo Juna amerga Juna iso duwe kanca akeh ora kaya Abimayu padahal kui salahe Abimayu dewe kenapa dhewekke ora gelem srawung karo kanca-kancane ning hotel atlet. Nanging Abimayu tetep ngrasa nek Juna sik salah pikire Abimayu yen dadi wong sugih, pinter, bagus kui bakal iso duwe kanca akeh.
Dina pas  latihan atlet, Juna nyerakki Abimayu. Juna pingin omong-omongan karo Abimayu nanging pas Juna nyerakki Abimayu mah lungo. Juna bingung kenapa kok Abimayu ki aneh nek karo dhewekke. Juna mikire opo dhewekke duwe salah karo Ambimayu kok Abimayu nek dicerakki malah lungo, nanging Juna ora arep mikirke kui Juna pingin fokus karo lomba lari tingkat nasional kuwi.
Abimayu sik ngrasa nek Juna nyerakki dhewekke, Abimayu malah dadi soyo ora seneng karo Juna .
“ alah ngapa to Juna ki nyerakki aku terus malah marai aku soyo sengit, mesti nyerakki ono alasanne. Mesti bek terkenal soale iso duwe konco koyo aku.” Batinne Abimayu
Padahal asline Juna ki mung pingin kekancan karo Abimayu nanging Abimayu malah kadung sengit karo Juna.
Dino terakhir latihan Abimayu ketemu karo Juna. Juna nyerakki Abimayu lan ngajak omong-omongan.
“ Abimayu koe kesel ora bar latihan lari?”
“ ora lah muk latihan dilit wae kok kesel, aku ki ora kaya koe sitik-sitik kesel”
“ owalah yo, semangat yo sesuk le tanding”
“ iyolah delok wae yo sesuk iki aku sik bakal juwara mesti kowe sesuk ki kalah”
“oww” (juna lungo karo perasaan sedih)
Pas tandingan lari Abimayu panggonane jejer karo Juna, Abimayu nglirik Juna nganggo rupo sengit. Lomba larine wes dilekasi posisi ngarep dewe Abimayu lan posisi ke loro kui Juna. tengah-tengah puteran Sikile Abimayu lara, Abimayu ora bisa mlayu dadi dhewekke kudu metu saka lapangan.
Abimayu gela “ kenapa kok aku iso tiba to kudune aku iso menang”
Rampung lomba Juna marani Abimayu “kowe rak ora popo to, muk cidera biasa to?”
“ rasah sok peduli kowe, omong wae yen kowe seneng aku lara dadi kowe iso juwara” jare  Abimayu
“Aku ora seneng nek kowe lara, Koe kudu sabar yo paling iki cobaan seko Gusti Allah” Juna
Abimayu sadar jebul Juna kui cah apikkan dhewekke ngrasa salah ngapa dhisik pas Juna nyerakki kono malah lungo. Abimayu langsung njaluk ngapura karo Juna.
“aku njaluk ngapura yo Jun biyen aku senengane lungo nek tok cerakki, aku sombong karo apa sik tak duweni,Aku njaluk ngapura yo Jun”
Juna” orapopo Abi aku yo njaluk ngapura yen aku duwe salah, saiki awakdhewe konconan yo?”
Abimayu “oke saiki awakdhewe konconan”
            Bar kejadian kui saiki Juna lan Abimayu dadi konconan, nanging muk iso kabar- kabaran liawat HP amerga beda daerah. Saiki Abimayu wes dadi wong apikkan lan ora sombong dadi dhewekke due konco akeh.

Rabu, 16 November 2016

ARTI NAMA



YUNITA CANDRA DEWI
Bantul, 17 Juni 1997
Pinggir RT 05 Sidomulyo Bambanglipuro Bantul DIY

Yunita gadhah teges putra ingkang mijil wonten ing sasi Juni,
Candra tegesipun rembulan, pepadhang, saha
Dewi gadhah teges putra wadon

Lajeng Yunita Candra Dewi menika nggadhahi teges putra wadon ingkang mijil wonten ing sasi Juni ingkang maringi pepadhang (dalan) ingkang sae kagem kaluwarganipun.