Kamis, 05 Januari 2017

GEGURITAN

SAWETARA
dening : Yunita Candra Dewi


Duh cah ayu
Entenana tekaku
Adoh parah lakuku
Pancene wis dadi dalan uripku

Sabarmu aja ilang
Nadyan saiki raiso nyawang
Pandongaku muga bisa kalaksanan
Urip bebrayan bebarengan

Rabu, 04 Januari 2017

GEGURITAN

MAWAR KATRESNAN
dening : Yunita Candra Dewi

Endahing wujudmu lambang tresnaku
Katresnan nyawiji Dhumateng liyan
Arume gandamu wujud rasa sayang
Sayang kang ora biusa dianyang

Mawar katresnan . . . .
Eri kang ana kuwi
Bakal dumadi saksi
Barang kang endah nyawiji
Uga bisa nglarani