DUMADINIPUN DUSUN GANJURAN
SUMBERMULYO BAMBANGLIPURO BANTUL
Dusun Ganjuran menika wonten ing kalurahan Sumbermulyo Bambanglipuro
Bantul. Dusun menika dados pusat pemerintahan Kecamatan Bambanglipuro
lami. Miturut kathahing sumber lisan utawi tulisan, nama dusun Ganjuran
menika carios asmoro Ki Ageng Mangir kalian Roro Rembayun. Kekalih tokoh
kasebat mboten asing wonten talingan masyarakat Bantul.
Danang Sutawijaya pikantuk bebingah kalenggahan Mataram saking Joko
Tingkir. Danang Sutawijaya gadhah gegayuhan badhe damel satunggaling
kerajaan kasultan ingkang mardika saking panguaos kerajaan Pajang.
Strategi ingkang kawiwitan badhe dipunlampahi inggih menika mbikak Alas
Mentaok kangge dipun dadosaken pemerintahan Mataram.
Kanyata mboten gampil kangge mbikak Alas Mentaok, amargi alas menika dipuntenggo kalian bangsanipun lelembut ingkang naminipun Jalu Mampang alias Jathamamrang ingkang wos kawentar sakti mandra guna. Ngraos kangelan ngalahaken Jin Jalumampang,Sutawijaya lajeng mertapa wonten segara kidul. Wonten mertapa menika dipunrawuhi kalian Nyai Rara Kidul( Ratu SegaraKidul) ingkang gandrung kalian ketampananipun Sutawijaya. Saklajengipun Sutawijaya mboten nyianyiaaken kesempatan ingkang sanget sae menika. Sutawijaya nyuwun tulung kalian Nyai Rara Kidul supados mbiyantu ngalahaken Jalumampang. Nyai Rara Kidul purun mbiyantu Sutawijaya nglawan Jalumampang. Namung Nyai Rara Kidul gadhah panyuwun, Sutawijaya kalian keturunanipun kedah dados garwanipun Nyai Rara Kidul. Panyuwunan Nyai Rara Kidul menika dipun setujui kalian sutawijaya.

Awit pambiyantu Nyai Rara Kidul kasebat Sutawijaya saget ngawonaken
Jalumpang. Lan awit kadadosan menika Jalumampang pindah wonten lereng
Merapi, ingkang sakmenika sampung kondhang kawentar lan dipun paringi
nama Kaliurang. Sutawijaya tasih bingung nemtokaken wonten pundi papan
pusat pemerintahan kerajaan Mataram. Amargi bingung Sutawijaya mertapa
wonten tengah Alas Mentaok. Panggenan menika sanget sepi, satemah saged
nenangaken manah Sutawijaya ingkang nembe bingung dados remen manahipun.
Satemah panggenan menika diparingi nama Lipuro ingkang saking ukara
lipur gadhahi arti hibur. Amargi kawontenan menika Sutawijaya gadhahi
pangajab panggenan menika dipun dadosipun pusat kerajaan Mataram.
Ananging niat menika dereng dipun wujudaken,amargi panggonan menika
mboten nguntungaken, lan tebih saking sumbering toya. Saklajengipun
Sutawijaya gadhahi penggalih madekaken pusat kerajaan Mataram wonten sak
kilenipun lepen Opak. Ingkang sakmenika sampun kondhang kalian nama
Kota Gedhe. Lan saksampunipun kadadosan menika Sutawijaya ajejuluk
Panembahan Senopati.
Saksampunipun Kerajaan Mataram kondang kaloka, kathah pemberotakan
ingkang badhe nglengseraken kekuasaan Senopati. Salah saktunggalipun
ingkang angel dipun kawonaken inggih menika pemberontakan ki Agung
Mangir Wonobaya. Kangge ngawonaken Ki Ageng Mangir, Panembahan Senopati
ngginakaken putrinipun naminipun Rara Pembayun kangge ngrayu lan
ngyedani Ki Ageng Mangir.
Ananging Rara Pembayun piyambak kelajeng tresno marang Ki Ageng Mangir.
Ananging tresnanipun Rara Pembayun lan Ki Ageng Mangir mboten disetujui
kalian Panembahan Senopati. Amargi Panembahan Senopati tasih gadhahi
sengit kalian Ki Ageng Mangir. Lan saklajengipun Ki Ageng Mangir kaliyan
Rara Pembayun dipun usir saking Kerajaan Mataram. Lajeng Ki Ageng
Mangir kaliyan Rara Pembayun urip wonten dusun ingkang rumiyin dipun
ginakaken mertapa kaliyan Panembahan Senopati ingkang naminipun dusun
Lipura.
Wonten mriko ki Ageng Mangir kalian Rara Pembayun saged adum katresnan, awit katresnan ki Ageng Mangir kalian Rara Pembayun wiwit wontenipun tembang kala ganjur, ingkang gadhahi arti pengingset menungsa. Saking tembang kasebat, dusun ingkang naminipun ‘Lipuro’, gantos nama ‘Ganjuran’.
Awit sakniki kathah tiyang nyuwun pirsa, menapa nami Lipuro ngantos sakmeniko tasih dipunginaaken dados name kecamatan. Kula lan panjenengan sami mangertosi, tembung ‘Bambang’ wonten basa jawi gadhahi teges mudha. Dadi teges Bambanglipuro inggih menika Lipuro mudha utawi Lipura enggal, dados desa lipuro ingkang rumiyin nate ical amargi dipun gantos naminipun ‘Ganjuran’.
Sakmenika cariyos dumadinipun dusun Ganjuran lan Kecamatan Bambanglipuro. Cerito rakyat menika sampun mboten populer wonten kalangan masyarakat . Ananging cariyos menika ingkang kedah dipun jaga. Supados putra cucu kula lan panjenengan saget mangertosi asal usuldumadinipun panggenan.